UPACARA NGUPADI TUMURUNUNG WAHYU JODHO


UPACARA NGUPADI TUMURUNING WAHYU JODHO

Iringan gendingipun saged dipun donlot wonten mriki :

Ayak-Ayakan, Waosan SM. Dhandhanggula, Ilir-Ilir, Sekarteja, Srepeg Palaran Sl.My
Adegan I : Ingkang Hamengku gati hanimbali Sang Saraya Jati, lajeng sami
pangandikan, binarung Ktw. Sekartejo Sl.My

Saraya Jati :
Nuwun mangke ta Bapa ……………………. (ingkang mengku gati)
handadosaken kagyating manah kulo seneng tampi dhawuh timbalan panjenengan
anggenipun sakalangkung wanter. Wonten paridamel punapa dene hamiji sowan kula
sumangga keparenga paring pangandika dhumateng kawula.

Hamengku gati :
Adhimas Saraya Jati, ing dalu kalenggahan punika kula katangisan anak kula
estri pun Rara …………………….. ingkang ing benjing-enjing siyang/dalu badhe nambu
silaning akrami, mugi antuka tumuruning Wahyu Jodho. Ingkang puniko, keparenga
kawula hangresaya dhumateng panjenengan mugi kersoa angupadi tumuruning Wahyu
Jodho ingkang awujud Sekar Mancawarna ugi sinebat Kembar Mayang, kinarya
jangkeping panggihing calon pinangantyan kekalih. Dene menawi sampun pikantuk
mugi lajeng kersoa hamboyong kaasta tumuju ing wisma pawiwahan.

Saraya Jati :
Nuwun inggih sendika ngestokaken dhawuh. Wonten ing pundi papan
dunungipun Sekar Mancawarna utawi Kembar Mayang punika.

Hamengku Gati :
Miturut wasita ingkang kula tampi, papan dunungipun Sekar Manawarna punika
wonten ing padhepokan …………………., kabawah wewengkon ……………………..

Saraya Jati :
Nuwun inggih, rehning sampun cetha lan trawaca dhawuh timbalan
panjenengan, keparenga kawula nyuwun pamit madal pasilan bidhal dinten punika
daya-daya lebda ing karya.

Hamengku Gati :
nDerekaken raharjaning lampah, mugi rahayu boten wonten pringga bayaning
marga.
Keterangan : Bidhalipun Sang Saraya Jati saking pawiwahan, binarung ungeling
Ketawang Tumadhah, laras pelog pathet nem.

Adegan II : Ing padepokan ………………., Ki Jati Wasesa anengga Kembar
Mayang, sinambi maos Sekar Macapat Dandhanggula.

1. Kaki hamung nyai hamung sami
Kang sumulih nebus Kembar Mayang
Yekti minangka pepasrahan
Wiwit ing dinanipun
Kang wus dadi ndara sayekti
Kiwa tengen dinata
Kanan kirinipun
Temanten deniro lenggah
Amimbuhi ngenguwung cahya munari
Temanten sekalian

2. Kembar Mayang werdine wus muni
Kembar pada mayang iku kembang
Yekti dadi kudangane
Supaya atut runtut
Wiwit daup ngantos ing benjing
Rukun amanggih mulya
Ngantos darbe turun
Kakung putrid mung sumangga
Mrih sembada kahangkao naming kalih
Ambangun kulawarga

3. Pambanguning kulawarga yekti
Adoh angger iku perlokno
Pranyata gede gunane
Sandang pangan kecukup
Kawruh bakal mumpuni ngudi
Manggon ora suksukan
Kasarasan tuhu
Rama lan Ibu kang bakal
Gula wentah putra putrine sayekti
Hayu-hayuning bala

Sasampunipun suwuk katungka dhatengipun Sang Saraya Jati, lajeng sami
pangandikan
Saraya Jati :
Kawula nuwun Kyai, keparenga kula badhe sowan

Jati Wasesa :
Mangga ……….. mangga kisanak, lajeng pinarak mlebet kemawon, mangga ta
keparenga pinarak ing palenggahan ingkan sampun sumadya.

Saraya Jati :
Matur nuwun sanget Kyai, sak derengipun nyuwun pangapunten, dene sowan
kula sakadang boten atur cecela langkung rumiyin

Wasesa Jati :
Boten dados punapa kisanak, semanten ugi kula inggih nyuwun pangapunten,
mbok menawi anggen kula nampi karawuhan panjenengan sakadang kirang subasita,
jalaran inggih naming kados mekaten kawontenanipun. Nuwun mangke ta kisanak,
keparenga kula hanila-krami, wingking saking pundi saha sinten asma panjenengan
keraya-raya rawuh ing padhepokan ngriki kisanak.

Saraya Jati :
Nuwun inggih Kyai, keparenga kula badhe nepangaken, kula sakadang wingking
saking …………………… (nyebtaken panggenanipun ingkang mengku gati), name kula
pun Saraya Jati. Dene wigatosipun sowan kula sakadang punika pinangka dados duta
saraya saking panjenenganipun Bapa/Ibu …………………………….. (ingkang mengku
gati), saperlu hangupadi tumuruning Wahyu Jodho ingkang sampun cinandhi wonten
ing Kembar Mayang, pinangka kangge sarat sarana anggenipun badhe kagungan kersa
ngemah-emahaken putra putrinipun sarta kangge hanjangkepi ing upacara panggihing
sri temanten. Punapa pancen ing ngriki dunungipun Kembar Mayang kala wau Kyai.

Jati Wasesa :
Nuwun inggih, saderengipun kula pratela dhumateng panjenengan ingkang
rumiyin kula ugi nepangaken, bilih ingkang kasdu hamestani kula pun Ki Jati Wasesa.
Dene padhepokan kula mriki winastan ………………… Pancen leren, inggih ing
padhepokan ………………….. ngriki punika cumdhokipun Sekar Mancawarna ingkang
sinebat Kembar Mayang. Kayu Klepu Dewandaru, Cengkir Gadhing Kedhitipitu,
punapadene Sadak Lawe.

Saraya Jati :
Manggih keleresan Kyai, inggih puniko ingkang dipun kersakaken dening
panjenenganipun Bapa ……………….. (ingkang mengku gati). Ingkang punika mugi
wontena keparenging penggalih tumunten Kembar Mayang kaparingna dumateng kula.
Dene menawi pengaji pinten kerta ajinipun, menawi mawi leliru punapa lelirunipun,
waton kula saged hamboyong Kembar Mayang punika Kyai.

Jati Wasesa :
Miturut wawangsoning jagad, boten saged dipun tumbas kanthi punapa
kemawon, naming sok sintena ingkang saged anegesi naminipun Kembar Mayang
kanthi jangkep saha trep, inggih punika ingkang saged hamboyong wujudipun Kembar
Mayang punika.

Saraya Jati :
We lha dalah, lha kok abot sangganipun Kyai, gandeng kula sampun
sumanggem dados duta ngrampungi, sanadyan kados pundi kemawon badhe kula
leksanani. Nyuwun pangestu Kyai Kembar Mayang, Klepu Dewandharu, Cengkir
Gadhing Kendhitpitu, Sadak Lawe. Kembar Mayang tembung Kembar punika
tegesipun padha. Tembung Mayang punika tegesipun Nur utawi Cahya, wonten
ingkang mestani Kembang Jambe. Kembar Mayang punika mujudaken blegering
kakung lan putrid. Kakung lan putri punika satemenipun sami, dene ingkang benten
wadhahipun. Dene Nur utawi Cahya kalawau lenggahipun wonten ing rasa jati, ingkang
dipun westani Urip utawi gesangipun. Tiyang jejodhohan punika menawi kepingin
langgeng kekalihipun kedah saged manunggalaken rasanipun. Inggih manungaling rasa
jati punika ingkang saged hambabar katentreman sarta saged hanggelar pakarti luhur.
Inggih punika ingkang winastan garwa utawi sigaraning nyawa winastan kembar
rasane.
Kayu Klepu, Dewandharu ; Kayu-kayun, klepu-klepeng. Dewa titah ingkang luhur.
Daru darajating agesang, dados loro-lorone ngatunggal sampun sagolong gayut
darajating agesang.
Cengkir Gadhing Kendhipitu ; Cengkir kencenging piker, gadhing gadhang, kendhi
pitu, pangiket ingkang kiat sanget. Dados ringkesipun loro-lorone atunggal samya
angiket raos katresnan.
Sadak Lawe; Biyen sanak saiki dadi jodhone
Kyai, gaduk kula naming semanten, dene leres lan lepatipun kawula sumanggaken

Jati Wasesa :
Sang Saraya Jati, sarikma pinara sasra, kula boten nyana bilih panjenengan
ingkang saged anegesi kanti trep lan jangkep, mbok menawi inggih sampun dados
kodrating jagad, bilih panjenengan ingkang kawawa hamboyong Kambar Mayang
punika. Namung kajawi punika wonten sarat sarananipun, Sepisan, pamboyonging
Kembar Mayang kaemban jejaka kalih, Kaping kalih, Cengkir gadhing sak pirantosipun
kaasta Kenya Dhomas. Kaping tiga, lampahing Kembar Mayang kabiwadha gendhing
Ilir-ilir Sumilir. Wondene kang wekasan, murih boten alum pradapa Sekar Mancawarna,
supados dipun saranani mawi rengeng-rengeng kekidungan boten ketang satunggal
kalih pada
Saraya Jati :
Nuwun inggih Kyai, badhe kula estokaken sadaya sarat sarananipun, wondene
rengeng-rengeng kekidungan sanadyan hamung sapala, sumangga keparenga
midhangetaken.
Pangkur :
Yektine kang winurseta,
Kembang Kanthil lambanging ati suci,
Suci murni tresnanipun,
tansah manunggal karsa,
Sri temanten nggennya mangun brayatipun,
tulusa widodo mulya,
linambaran tresna jati.
Kinanthi :
Dhuh Gusti Ywang Maha Agung,
mugi kersa hamberkahi,
mring temanten kekalihnya,
nggennya mangun brayat sami,
bagya mulya kang sinedya,
rahayu ingkang pinanggih.
Kyai, kalih pada punika kewala atur kekidungan kula, mangka jangkeping sarana
pamboyonging Sekar Mancawarna. Kiranging sadayanipun, ingkang boten dados
renaming penggalih, mugi diagung pangaksamanipun.

Jati Wasasa :
Sang Saraya Jati, saking keprananing manah kula, wekdal punika ugi Kembar
Mayang kula pasarahaken, sumangga tumunten kula aturi hanampi.

Saraya Jati :
Kyai, rehning sampun cekap samudayanipun, keparenga kawula nyuwun pamit
madal pasilan, lan nyuwun pangestu mugi tansah manggiha bagya mulya salampah
kula.

Jati Wasesa :
Sang Saraya Jati, sapengker panjenengan kula pranggal puja sesanti jaya-jaya
wijayanti, sirna memala pinayungan sahing Gusti, hayu-hayu rahayu ingkang sami
pinanggih.

Gendhing Ilir-ilir Sumilir, Sang Saraya Jati sakadang hamboyong Kembar Mayang

Adegan III : Ingkang Hamengku Gati hanampi rawuhipun Sang Saraya Jati
sakadang angasta Kembar Mayang, lajeng sami pangandikan.

Saraya Jati :
Kepareng matur dhumateng Bapa ………………………. (ingkang mengku gati),
inggih awit saking berkah saha pangestu panjenengan, kula sampun kelampahan
hamboyong wujudipun Kembar Mayang, ingkang punika sumangga kula aturi nampi,
mugi sageda kinarya sarana dhaupipun ingkang putra.

Hamengku Jati :
Adhimas Saraya Jati, kula tampi kanthi bingahing manah, lan awit saking sih
pitulungan panjenengan, kula sakulawarga naming saged hangaturaken gunging
panuwun tanpa upami. Nuwun, matur nuwun.

Penutup : Gendhing Ayak-ayakan, laras slendro pathet manyura, para paraga tangkep asta, lajeng bibaran.

About sukobudoyo

Berbicara apa adanya.. Menyukai budaya jawa

Posted on 14 Oktober 2012, in Budaya Jawa, Cara dan Tips, Gending, Mp3 Jadoel, Seni Tradisi, Temanten Jawi. Bookmark the permalink. Tinggalkan komentar.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: